Perang ing pungkasane lakon wayang diarani
B. Daerah
Dariuswahyu112
Pertanyaan
Perang ing pungkasane lakon wayang diarani
2 Jawaban
-
1. Jawaban maharani242
URUT-URUTANE CRITA LAKON WAYANG
JejerKadhatonanPaseban jabanBodholanJejer sabranganPerang gagalGara-garaPerang kembangPerang brubuhTancep kayon
- Sing nglakokake lan nyritakake wayang : dhalang
- Sing mbiyantu sakiwa tengene dhalang : panyumping
- Sing nabuh gamelan jenenge : niyaga
- Sing nyindheni : waranggana
TEMBUNG ING PAWAYANGAN
Ada-ada : kidhungane dalang arep nyritakake wayangAnatawacana : lagu cengkoke swara siji-sijine wayangBala tengen : bangsa prajurit kang disandhing ing kelir sisih tengenBala kiwa : bangsa prajurit kang disandhing ing kelir sisih kiwaBlencong : diyan kanggo madhangi wayangBodholan : padha mangkate wadyabalaCempala : kayu penthol kanggo ngepraki wayangGara-gara : metune semar, gareng, petruk lan bagongJejer : lagi madeg padha rembunganKecrek, kepyak : prabot (wesi) sing ngetokake swara crek-crekKelir : lawon putih kanggo nampani wayanganing wayangPerang brubuh : perang amuk-amukan akeh pepatiPerang gagal : perang wadyabala durung ana pepatiPerang kembang : perange buta karo satriyaSabetan : patrape dalang nglakokake wayangSulukan : ada-adaTalu : uyon-uyon ngarepake wiwit jejer
WEWATAKE WAYANG
Wewatake wayang miturut wangune
- Dhingkluk : sabar, sareh, wicaksana, waspada
- Lancap : kendel, brangasan, siyaga, lan waspada
- Mrongos, mendelik : galak, brangsan, gampang nesu, ugal-ugalan
2. Wewatake wayang miturut jinise
- Satriya : alus, luhur, sabar, luruh, dhemen tetulung, siyaga, wicaksana
- Buta : kasar, gumedhe, brangasan, ugal-ugalan, gampang nesu
- Kethek : pencilakan, usil, seneng ngrusuhi
3. Wewatake wayang miturut sungginge
- Putih, kuning, ireng : tandhane becik, suci
- Abang : tandhane kendel, brangasan
- Biru : tandhane jireh
Katrangan :
Wangune lan Sungginge wayang bisa beda-beda “wandane” miturut kahanan lan lakon wayang kang lagi dicritakake. -
2. Jawaban Azkarahandika
perang di mulai peran wayang dituduh.
maaf ya jika salah